Senin, 23 April 2012

Kamis, 12 April 2012

Dongeng Atau Cerita Asal Mulane Kerajaan Medang Kamulan Dalam Bahasa Jawa

Kacarita tlatah Jawa iku wis dikuasai dening Kerajaan Galuh kang dipimpin Prabu Sindulaya Sang Hyang Prabu Watu Gunung. Pusat pemerintahane ana ing Jawa Barat amarga dianggep nduweni peran penting marang raja-raja ing tlatah liya Jawa. Prabu Watu Gunung pancen berhasil ndadekake Galuh dadi misuwur lan wargane bisa urip makmur.

Prabu Watu Gunung duwe anak papat. Anak kaping pisan yaiku wadon jenenge Dyah Ayu Dewi dadi ratu ing Nusatembini. Anak kaping pindho jenenge Pangeran Adipati Dewata Cengkar. Anak kaping telu yaiku Dewata Pemunah Sakti kang dadi Adipati ing Madura. Anak kang ragil jenenge Pangeran Adipati Dewata Agung dadi Adipati ing Pulo Bali.

Para warga ora seneng marang tumindake Pangeran Adipati Dewata Cengkar kang ala amarga Prabu Adipati Dewata Cengkar seneng nyiksa rakyat cilik lan seneng mangan dhaging manungsa. Amarga keweden, para warga padha lunga saka tlatah kono. Weruh kahanan Galuh sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung murka, banjur ngutus Patih supaya ngundang Pangeran Adipati Dewata Cengkar. Satekane ing Kerajaan Pangeran Adipati Dewata Cengkar mung meneng. Amarga jengkel marang tumindake anake sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung banjur misuh-misuh.
“Dewata Cengkar! Karepmu ki kepriye? Apa awakmu saiki wis edan? Tumindakmu kaya kewan, ngisin-ngisinake wong tuwa. Awakmu ora pantes dadi anakku. Yen ora bisa ngubah tumindakmu, luwih becik awakmu lunga saka kene!”
Krungu kaya mangkono, atine Pangeran Adipati Dewata Cengkar dadi lara. Amarga ora bisa nahan emosine, Pangeran Adipati Dewata Cengkar lunga saka Kerajaan tanpa pamit marang ramane. Sawise kadadean kuwi, Pangeran Adipati Dewata Cengkar kasil ngumpulake prajurit sing isih setia marang dheweke banjur diajak lunga menyang tlatah wetan tekan ing pegunungan Kendeng sing strategis cedhak karo Teluk Lusi.
Ing tlatah kono, Pangeran Adipati Dewata Cengkar mbangun kerajaan lan ngangkat awake dhewe dadi raja kang nduweni gelar Prabu Dewata Cengkar. Aryo Tengger diangkat dadi Patih lan Rudo Pekso diangkat dadi Tumenggung. Karajaan iku diwenehi jeneng Medang Kamolan. Nalika kuwi Prabu Dewata Cengkar uga kasil ndadekake Medang Kamolan dadi misuwur lan rakyate bisa urip makmur. Amarga kadadean iku, Prabu Dewata Cengkar bisa nglalekake dhendham marang ramane. Nanging, amarga oleh rayuan saka Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso, dhendham iku muncul maneh. Sahingga Sang Prabu ngutus prajurite kanggo nyerang lan ngrusak Kerajaan Galuh kang dipimpin dening dheweke. Amarga ora ana persiapan, prajurit Kerajaan Galuh akeh sing padha mati. Weruh kahanan sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung murka banjur Sang Prabu mudhun ing medhan perang ngadhepi anake mau.
“Dewata Cengkar! Apa kaya ngene caramu mbales budi marang wong tuwamu? Besok sing nduweni Galuh ya awakmu, nanging ora ngene carane.”
“Aku wis ora butuh pidhatomu maneh. Ayo saiki lawan aku!”
“Sabar dhisik, tumindakmu kuwi ora direstui dening Sing Maha Agung. Besok awakmu bakal kuwalat.”
Durung nganti bubar anggone ngendikan, Prabu Dewata Cengkar ngguyu kecakakan.
“Hua…..ha…..ha…..! Ora usah kakehan ngomong, cepet wenehake Galuh marang aku!”
“Iya, nanging ora saiki.”
Krungu ngendikane Prabu Watu Gunung, Dewata Cengkar banjur ngangkat gada lan ngunusake ing awake Prabu Watu Gunung. Sanalika krungu swara banter sing ngetokake kebul lan cahya kang sumunar. Sawetara swara lan cahya mau banjur ilang semono uga rakyat lan kerajaane. Tlatah iku maleh dadi alas lan saka njero alas iku keprungu swara sepatan Sang Prabu marang Dewata Cengkar.
“Dewata Cengkar! Kabeh mau wis kebanjur. Tumindakmu sing kaya kewan, ing tembe buri bakal dadi kasunyatan.”
Nalika krungu swara mau, Prabu Dewata Cengkar gela mateni ramane, wedi yen dadi kasunyatan. Nanging Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso bisa nguwasani atine Sang Prabu. Sang Prabu banjur seneng amarga oleh bombongan saka para warga. Pawarta iku langsung sumebar marang rakyat Medang Kamolan, banjur dianakake syukuran kanggo nyambut tekane Prabu Dewata Cengkar. Nanging ing dina iku, dadi dina sing naas kanggo wong wadon sing masak ing kerajaan. Amarga njenthike sing keiris nganti tugel iku katut kemasak nalika ditinggal nggolek obat. Syukuran iku kalaksanan kanthi lancar. Sabubare kuwi, Prabu Dewata Cengkar ngendika marang Patih Aryo Tengger.
“Tih…! Patih…! Coba awakmu mrene sedhela!”
“Wonten punapa, Prabu?”
Aku arep takon marang awakmu, dhaging apa sing paling kosenengi?”
“Dhaging sapi, Prabu.”
“Goblog, dhaging sing paling enak kuwi sabenere dhaging manungsa. Biyen nalika isih ing Kerajaan Galuh aku kerep mangan dhaging manungsa. Wiwit manggon ing kene, aku ora tau mangan maneh. Aku meh wae nglalekake rasane kepriye, saupama mau ora mangan.”
“Punapa wau wonten masakan dhaging manungsa?”
“Ana, nanging ora sengaja ing masakan mau katutan dhaging manungsa.”
Weruh kaya mangkono Patih keweden yen juru masak kerajaan oleh ukuman saka Sang Prabu. Nanging anehe Sang Prabu malah seneng banjur ngutus Patih supaya nggolek dhaging manungsa.
“Wiwit sesuk awakmu kudu nggolek korban manungsa sing dhaginge dimasak kanggo aku!”
Patih Aryo Tengger banjur nggawe dhaftar sapa wae sing bakal dadi korbane Sang Prabu. Selot suwe akeh warga sing dadi korban. Tumindak sing ala iku akhire konangan dening para warga Medang Kamolan. Wiwit iku para warga padha lunga saka tlatah kono. Senadyan Ki Granteng weruh yen anake bakal dadi inceran Sang Prabu, nanging keluargane tetep manggon ana kono.
Wiwit jeneng Kerajaan Medang Kamolan misuwur nganti tlatah liya, akeh wong padha ngumbara menyang kerajaan iku, antarane: Ajisaka, Dora lan Sembada. Niate Ajisaka ngumbara yaiku kepengin nyebarake agama lan nggolek pengalaman. Kapal sing ditumpangi iku labuh ing Nusa Majedi, sing saiki dadi Bawean. Ing tlatah kono Ajisaka oleh kateragan babagan Kerajaan Medang Kamolan. Nalika arep budhal, Ajisaka meling marang Sembada supaya dheweke tetep ing Nusa Majedi njaga barang-barang bekal lan kerise Ajisaka. Amarga Ajisaka lan Dora bakal lunga menyang Medang Kamolan. Sapa wae sing njaluk keris kuwi aja diwenehi saliyane Ajisaka.
Let sedhela kapal sing ditumpangi mau oling nganti tengah samodra banjur keseret nganti pinggir pantai Nusa Jawa. Ajisaka lan Dora banjur mlaku menyang Medang Kamolan. Ing dalan Ajisaka kepethuk karo rakyat Medang Kamolan sing padha ngungsi, banjur dheweke takon marang salah sijine ana apa kok padha ngungsi. Nanging ora ana wangsulan sakecapa. Amarga iku Ajisaka sansaya dadi penasaran pengin ngerti kahanan Kerajaan Medang Kamolan kok bisa ndadekake warga padha ngungsi.
Ora dinyono, Ajisaka lan Dora kasil tekan wates Medang Kamolan kanthi selamet. Pangumbaraan iku tetep diterusake nganti tekan sawijining desa. Ing desa iku namung ana saomah kang isine Ki Granteng sakeluarga. Banjur Ajisaka ngutus Dora nathak lawang omahe Ki Granteng. Nanging Ki Granteng curiga dikirane Ajisaka lan Dora utusane Prabu Dewata Cengkar.
“Panjenengan sinten?”
“Kula Dora, Pak. Menika Tuan Ajisaka.”
“Panjenengan utusan saking Medang Kamolan?”
“Boten, Pak kula tiyang asing ingkang nembe sepindhah dhateng wonten mriki.”
“Menawi mekaten, mangga mlebet.”
Ajisaka lan Dora banjur mlebu omah.
“Pak, saderengipun kula nyuwun pangapunten menawi kula ngganggu bapak sakeluarga.”
“Boten, Nak. Kula sampun biasa, saben wonten tamu kita tetep ngormati senadyan namung sawontene. Nak Ajisaka kaliyan Nak Dora saking pundi?”
“Kula saking tlatah sebrang, Pak tebih saking mriki. Menawi nitih prau ngantos wulanan.”
“Tindak mriki ajeng lahnapa?”
“Pados pengalaman, Pak.”
“Ingkang dipadosi pengalaman menapa?”
“Niku, Pak… Negeri Medang Kamolan menawi wonten desa kula misuwur sanget, amargi sitinipun subur lan para warganipun makmur.”
“Ah… ngapusi!!! Wonten mriki leres menawi sitinipun subur, ananging warganipun urip sengsara. Saniki para warga sami ajrih marang tumindakipun Prabu Dewata Cengkar.”
“Tumindak ingkang kados pundi, Pak?”
“Boten pantes kula cariyosaken dhateng Panjenengan. Prabu Dewata Cengkar menika remen dhahar dhaging manungsa. Kula piyambak ugi bingung amargi lare kula “Roro Cangkek sampun didhaftar dados korban. Wah…ngantos kesupen, mangga dipununjuk.”
“Matur suwun”.
Sawise ngunjuk, Ajisaka banjur matur yen arep nunut ing kiwan.
“Pak, kula ajeng nunut wonten ing kiwan saged napa boten?”
“O… nggih, mangga.”
Ajisaka banjur menyang ing mburi, nanging dheweke kaget ngrasa kaya ngimpi nalika tepung perawan ayu ing desa cilik kaya ngene. Ora liya perawan mau jenenge Roro Cangkek. Ajisaka lan Roro Cangkek padha sawang-sinawang, nanging Roro Cangkek isin amarga dheweke mung kembenan. Ajisaka banjur mlebu kiwan, banyu sing mili saka got kiwan mau banjur diombe jago duweke Roro Cangkek. Sanalika jago iku petok-petok kaya pitik babon sing arep ngendog. Iku nggawe kagete Roro Cangkek, banjur jago mau dilebokake kandhang.
Dumadakan ing pekarangan Ki Granteng ana Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso sing kepengin nyekel Roro Cangkek kanggo didadekake santapan Sang Prabu. Roro Cangkek banjur njaluk tulung marang wong tuwane, nanging ora ana wangsulan amarga wong tuwane semaput sabubare dipenthung sirahe, semono uga Dora sing dibanda ing pojok omah mung bisa meneng. Nalika Roro Cangkek wis digawa metu, Ajisaka nyegah punggawa Medang Kamolan.
“Tuan-tuan…!!! Endhegake dhisik tumindakmu. Mesakake dheweke kuwi dudu kewan, nanging manungsa, apa maneh iku wong wadon.”
“Menenga!!! Iki dudu urusanmu, dudu urusane wong asing kaya awakmu. Yen awakmu nekad bakal dakpateni. Cepet lunga!!!”
“Aku ngerti iki dudu urusanku, nanging…!”
“Nanging apa, ayo cepet ngomong!!!”
“Ngene, aku sabenere ora kepengin ngganggu, nanging aku mung kepengin ngrewangi, kuwi wae yen Panjenengan gelem dakrewangi.”
“Ngrewangi kepriye? Cepet ngomong!!!”
“Prawan sing Panjenengan asta kuwi duwe lara sing bisa nular. Sapa wae sing cedhak dheweke bakal ketularan.”
Amarga weruh rai polose Ajisaka, punggawa kerajaan mau banjur percaya. Sanalika Roro Cangkek banjur dicolake.
“Tuan-tuan ora usah curiga marang aku! Amarga kesetiaanku marang Panjenengan mula katerangan mau dakomongake. Nanging ora usah kuatir, aku bakal nggantekake prawan mau dadi korbane Sang Prabu.”
Patih Aryo Tengger wis ora sabar ngrungokake omongane Ajisaka, banjur ngutus anak buahe.
“Tumenggung, cepet prawan kuwi colake banjur Ajisaka gawa ngadhep Sang Prabu kanggo gantine!”
Ngerti kadadean kuwi, sanalika Roro Cangkek nguculi tali saka tangane langsung mlayu ngoyak Ajisaka. Roro Cangkek nyekeli tangane Ajisaka banjur ngaturake matur suwun. Ajisaka banjur digawa ngadhep marang Sang Prabu. Sang Prabu nesu amarga utusane ora kasil nggawa Roro Cangkek. Nanging banjur dadi seneng nalika weruh ana sawijine nonoman sing digawa ngadhep.
“He bocah! Dadi Kowe sing diundang Ajisaka dening para warga?”
“Nggih, Prabu. Kula ingkang naminipun Ajisaka saking tlatah sebrang.”
“Apa tujuanmu ing negara iki? Arep dadi-mata-mata?”
“Boten, Prabu. Kula kaliyan rencang kula namung kepengin ngumbara kaliyan pados pengalaman.”
“Kowe ngerti digawa mrene kanggo apa?”
“Boten, Prabu. Kula namung ndherek Patih Aryo Tengger kaliyan Tumenggung Ruda Pekso. Kula siap diajak wonten pundi kemawon dening ingkang mbetahaken. Langkung-langkung kula remen sanget amargi saged kepung kaliyan Panjenengan wonten mriki.”
“Apa sing kokorbanake kanggo negeri iki?”
“Kula boten gadhah emas inten utawi bandha awis sanesipun. Kula namung gadhah jiwa raga, Paduka.”
“Apa kowe lila yen jiwamu dakpateni lan ragamu dakiris-iris kanggo santapanku?”
“Kula lila menawi takdiripun mekaten.”
“Apa kowe wis edan?”
“Boten, Prabu. Kula boten edan. Niki bukti kesetiaanku marang negara Medang Kamolan.”
“Hua…ha…ha…!!! Matur nuwun, Ajisaka, banjur apa sing kojaluk?”
“Kula namung nyuwun sapetak siti ingkang wonten ing alun-alun Medang Kamolan saamba surban ingkang kula agem.”
“Apik…apik! Apa sing kojaluk bakal dakwenehi.”
“Sanesipun, ingkang ngukur menika kula kaliyan Panjenengan kanthi diseksekake dening para warga.”
“Ya… bisa… bisa. Banjur kapan arep dilaksanakake? Saiki bisa apa ora? Masalahe aku wis ngelih banget.”
“Saged. Saniki saged ngumumaken marang para warga supados nyeksekake anggenipun ngukur.”
“Patih, utus anak buahmu supaya ngumumake marang para warga lan awakmu ngiring aku lan Ajisaka menyang tengah alun-alun.”
Sawise tekan tengah alun-alun, Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso menehi ngerti lemah ing alun-alun marang Sang Prabu, banjur Sang Prabu miwiti.
“Ajisaka! Lemah endi sing kojaluk? Cepet jereng surbanmu!
Kain surban Ajisaka diuculi banjur dilempit dawa kaya gulungan. Prabu Dewata Cengkar nyekel kain bagian kidul lan Ajisaka nyekel kain bagian lor. Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso dadi seksi lan sing menehi aba-aba, uga ngumumake marang para warga yen anggone ngukur lemah diwiwiti.
Anehe surban sing dijereng mau ora entek-entek nganti nutupi atusan hektar lemah. Patih Aryo Tengger nyoba murungake upaya Sang Prabu, nanging ora ana gunane. Nganti Sang Prabu ana ing pucuk jurang, Ajisaka ora gelem murungake panjaluke.
“Ajisaka! Aku ngaku kalah lan bakal menehake kekuasaan lan kerajaanku marang kowe asalkan aku tetep bisa urip.”
Sing mangsuli ora Ajisaka, nanging para warga.
“Tuan Ajisaka! Ampun mirengaken ngendikane Sang Prabu, wis akeh warga sing dadi korban amarga tumindake.”
Krungu swara para warga, Ajisaka sansaya kepengin mateni Sang Prabu. Kanthi ndonga marang Sing Maha Kuwasa, pucuk surban sing dicekel banjur dikibatake. Surban bagian kidul nyabet awake Sang Prabu nganti mencelat adoh tekan tengah samodra banjur ilang keseret ombak. Saka tengah samodra iku banjur muncul baya putih sing cangkeme mangap lan bisa omongan kaya manungsa.
“He Ajisaka! Rungokake aku! Saiki aku ngaku kalah, nanging aku bakal balas dhendham marang anak putumu sing ora ngati-ati ing tengah samodra iki bakal dadi mangsaku.”
Sawise kadadean kuwi, Ajisaka diangkat dening rakyat kono dadi raja Medang Kamolan kang nduweni gelar Prabu Ajisaka. Prabu Ajisaka banjur diarak dening rakyate menyang kerajaan. Dene sing keri ing pinggir samodra nyekel Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso guna dibuak ing tengah samodra, dikumpulake dadi siji karo Prabu Dewata Cengkar.
Saiki Kerajaan Medang Kamolan iku dadi jeneng Desa Medang Kamolan ing Kecamatan Gabus, Kabupaten Grobogan.

Sumber : http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2010/10/dumadine-kerajaan-medang-kamolan.html

Dongeng Atau Cerita Kutha Simo Dalam Bahasa Jawa

Kerajaan Demak sing rajane Sultan Fatah nduweni mungsuh sing jenenge Ki Ageng Pengging. Demak kerajaan islam sing didhukung Walisongo lan Ki Ageng Pengging murid saka Syek Siti Jenar. Kanthi kuwi Sultan Fatah ngutus marang Walisanga supaya ngutus menyang Pengging ngajak Ki Ageng Pengging gabung karo Demak lan sapa wae sing bisa ngajak Pengging Gabung karo Demak bakal diwenehi hadhiah saka Raden Fatah.
Kanthi kuwi Walisongo ngutus Sunan Kudus supaya ngajak gabung marang Ki Ageng Pengging. Tekan salah siwijining papan sing durung ditekani wong sing manggon ana pinggiring kali Cemara, dina kuwi Sunan kudus sing diutus karo para Walisongo lewat papan kuwi karo anak buahe, nganti awan lan panas banget Sunan Kudus karo anak buahe lungguh ana ngisor wit ringin sing gedhe banget. Sunan Kudus ngakon marang salah siwijine anak buahe supaya nggolek papan sing kepenak kanggo turu awan lan sholat (nggolek papan sing bisa kanggo sholat lan turu).

Banjur diwangsuli, “sendika Sunan!”
Banjur Sunan Kudus golek banyu kanggo wudu. Sabubare sholat, Sunan Kudus karo anak buahe lungguh kanthi mangan panganan sing digawa. Sakbubare mangan Sunan Kudus turu ana ngisor wit ringin kuwi kanthi suwe nganti tekan magrib, arep nglajutke mlakune wis kewengen lan diputusake kudu turu bengi kuwi ana ngisor wit ringin sing gedhe banget mau.
Dina wis padhang Sunan Kudus arep sholat subuh karo anak buahe kanthi jamaah, nanging sadurunge sholat Sunan Kudus ngomong karo anak buahe supaya yen ngerti apa wae aja diluruhi banjur sholat bubar sholat subuh. Sunan Kudus mangkat maneh nerusake lakune kanggo ngajak Ki Ageng Pengging gabung. Sadurunge lunga saka wit ringin kuwi mau Sunan Kudus nuthuk gong sing jenenge SIMA, sing unine padha kaya unine macan. Banjur penduduk padha krungu swara kuwi lan ngiro yen swara macan, banjur padha kumpul lan mangkat menyang tengah alas lan nggoleki swara macan mau. Para warga padha nggoleki tekan tengah alas nganti setengah dina nggoleki singa mau nanging ora ketemu, para warga padha bingung. Banjur para warga mlaku menyang ngomahe dhewe-dhewe.
Sunan Kudus karo anak buahe mlaku menyang Pengging ketemu karo warga sing arep nggoleki swara macan mau, banjur padha ngomong, “nyuwun sewu napa panjenengan wau ngertos utawa mirewng swara macan wau?” Sunan sumaur, “aku ora ngerti, apa mau ana macan?”
Sunan Kudus njaluk marang anak buahe karo warga supaya lungguh lan Sunan Kudus crita, sabenere mau dudu swara macan nanging swara pusaka sektiku sing jenenge SIMA lan swarane kaya swara macan, mula kuwi papan kene tak jenengke SIMO. Sabubare kuwi Sunan Kudus njaluk marang wargamau mulih menyang omahe dhewe-dhewe.
Sunan Kudus ngomong marang anak buahe, “muga-muga jeneng simo bisa gawe reja papan kene.”
Banjur Sunan Kudus karo anak buahe mau langsung nerusake lakune menyang Pengging. Ing lakune, Sunan Kudus tepung karo wong sing arep ngrampok rombongan Sunan Kudus. Banjur Sunan Kudus perang karo perampok mau, amarga ora gelem nyerahke barang sing digawa Sunan Kudus. Sunan Kudus menang lan perampok mau dikandhani Sunan Kudus supaya tobat. Sunan Kudus mlaku maneh menyang Pengging. Lakune menyang Pengging akeh cobaan sing ngadhang Sunan Kudus. Syek Siti Jenar krungu yen Walisanga dhawuhi Sunan Kudus supaya ngrayu Raja Pengging supaya gelem gabung karo Demak, banjur ngutus muride supaya ngadhang Sunan Kudus karo anaka buahe.
Syek Siti Jenar ora setuju yen muride gabung karo Kerajaan Demak sing didhukung karo Walisanga, amarga Syek Siti Jenar nganggep dheweke titisan sing kuwasa sing bisa mateni, menehi rejeki, utawa sak liyane. Muride banjur ngadhang ana tengahe pangumbaran, lan ngakon supaya Sunan Kudus bali menyang Demak lanmurungakee karepe mbujuk Raja Pengging gabung karo Demak, nanging Sunan Kudus ora gelem lan dadi perang sing gedhe nganti akeh rombongan Sunan Kudus sing mati. Sunan Kudus ora geter ngadhepi muride Syek Siti Jenar sing akeh lan sekti. Sunan Kudus akhire menang lan lanjutke lakune. Sunan Kudus karo rombongane teka salah siwijining papan. Ing kana salah sijwiine muride seneng karo warga kono lan dadi manten.
Sunan Kudus nerusake lakune lan tekan Pengging, ana kana Sunan Kudus tepung karo Syek Siti Jenar, banjur Raja Pengging ngakon rombongan Sunan Kudus mlebu menyang papan sing wis disiapke karo Raja Pengging. Ana papan mau Sunan Kudus ngajak Raja Pengging supaya gabung karo Demak nanging Raja Pengging ora gelem. Banjur Sunan Kudus bali menyang Demak, tekan gunung dicegat karo Syek Siti Jenar ngakon bali menyang Demak yen ora gelem bakal dipateni lan diguwak menyang laut, pungkasane perang ana gunung mau lan nganti takane pati Syek Siti Jenar ana tangane Sunan Kudus.
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2010/10/dumadine-kutha-simo.html

Dongeng Atau Cerita Gapura Majapahit Dalam Bahasa Jawa

Gapura ana ing desa Rondole kecamatan Margorejo kabupaten Pati iku saka Majapahit. Bangunan kuwi salah sawijine gapura kaputren Majapahit. Gapura kuwi bisa ana ing desa Rondole nduweni riwayat nganeh-anehi.

Riwayat iku wiwit nalika sunan Muria arep nggawe masjid Muria. Wali lan ulama nggagas, yen masjid iku sakprelu diwenehi gapura ing ngarep masjid. Sunan Muria nggagas yen ing Majapahit nduweni gapura akeh sing ora dienggo maneh lan isih ketok apik.

Nalika isih rerembugan ing pendapa, ana priya gantheng marani sunan Muria. Periya iku ngaku putrane sunan Muria, krungu yen periya iku putrane, sunan Muria kaget. Periya iku crita asal-usul lan riwayate. Periya iku nduweni jeneng Bambang Kebo Nyabrang. Nalika sunan Muria arep niliki santrine eng desa Ngerang, ing kali Bangsri banjir. Banjur sunan Muria nggoleki papan sing iso kanggo nyebrang. Nalika nggoleki, ana kebo wedhok nyedhaki sunan Muria. Amarga sunan Muria nduweni kasekten, kebo wedhok iku banjur ditumpaki kanggo nyebrang kali Bangsri sing isih Banjir. Ana ing sebrang kali, sunan Muria wis dienteni ki Ageng Amongrogo. Ulama iku banjur kangen-kangenan, wis suwe ora ketemu. Ana ing pesantren iku sunan Muria niliki santri-santrine sing padha ngaji ing kana. Sakwise bubar niliki santrine, banjur sunan Muria pamit balek ana ing Muria. Sakdurunge mlaku, sunan Muria kudu nguyoh. Nalika sunan Muria nguyoh, lan kebo wedhok weruh, banjur kebo iku ndilati banyu uyohe sunan Muria. Amarga saking sektine sunan Muria, kebo iku meteng lan sing ing njero wetenge kebo iku dudu anak kebo, nanging anak manungsa sing diwenehi jeneng Bambang Kebo Nyabrang.
Keprungu critane Bambangn Kebo Nyabrang iku sunan Muria isih ora percaya yen Bambang Kebo Nyabrang iku anake. Kanggo mbukteake yen Bambang Kebo Nyabrang iku anake, sunan Muria ngongkon njupuk gapura eng kaputren keraton Majapahit ngantii tekan masjid Muria, sakdurunge srengenge methongol. Yen Bambang Kebo Nyabrang iso nglakoni sing dikon sunan Muria, dheweke bakal diakoni anake sunan Muria.
Esuke Bambang Kebo Nyabrang lunga menyang Majapahit dhewekan, ora ana sing ngancani. Eng dalan dheweke ketemu karo begal sing nyegat ing dalan, begal iku njaluk bekal sing digawa Bambang Kebo Nyabrang. Amarga Bambang Kebo Nyabrang nduweni kasekten, begal iku ora wani lan mlayu. Sakwise mlaku adoh,Bambang Kebo Nyabrang tekan ana ing keraton Majapahit. Nang kana dheweke nggolek gapura sing arep digawa menyang masjid Muria. Ana ing atine Bambang Kebo Nyabrang krasa yen ora kuwat nggawa gapura iki, kabeh kasektene wis dimetoake kanggo njunjung gapura iku. Nalika gapura bisa kaangkat, ana pawongan sing njaga gapura iku. Pawongan iku takon karo Bambang Kebo Nyabrang : “ Heh...ameh mbok apaake gapura iku?”. Bambang Kebo Nyabrang mangsuli : “ Arep aku gawa ana ing Muria, ana apa? Lan kowe iki sapa?”. “ Aku iki sing njaga gapura iki, jenengku Mangklu Alus!! Kena apa kowe arep nggawa gapura iki?” takone Mangklu Alus. Bambang Kebo Nyabrang mangsuli maneh : “ Gapura iki arep aku gawa menyang Muria, amarga sunan Muria sing ngongkon aku. Apa kowe ora ngerti aku? Aku iki Bambang Kebo Nyabrang anake sunan Muria”. “Sakarepmu, pokoke kowe kudu ninggalake gapura iki yen ora kepengen aku pateni” wangsulane Mangklu alus. “ Apa kowe ora ngerti yen saiki keraton Majapahit iku neng ngisore kasultanan Demak lan wali kabeh?”. Amarga ora nuruti sing dikon Mangklu Alus, banjur dheweke adu kasekten. Mangklu alus kalah, banjur Bambang Kebo Nyabrang ngongkon Mangklu Alus nggawa gapura iki menyang Muria.
Neng liya panggon anake adipati Pati pesantenan sing nduweni jeneng raden Ronggo pengen ngepek bojo anake ki Ageng Ngerang sing jenenge Roro Mujiwat. Amarga raden Ronggo iku isih ponakane, Roro Mujiwat nduweni muslihat kanggo nolak. Nalika raden Ronggo menyang Ngerang, Roro Mujiwat nyambut kayak bibi karo ponakan. Banjur Roro Mujiwat ngutaraake kepingine mboyong gapura kaputren Majapahit tekan Ngerang. Saknalika iku raden Ronggo lunga menyang Majapahit kanggo mboyong gapura Majapahit.
Sakwise tekan Majapahit, radeen Ronggo kaget amarga gapura kaputren Majapahit wis ora ana. Raden Ronggo uga lunga ninggalake Majapahit menyang kulon. Raden Ronggo krungu yen gapura iku wis digawa uwong, raden Ronggo ngoyak nganti entuk. Neng dalan raden Ronggo ketemu Bambang Kebo Nyabrang karo Mangklu Alus sing nggawa gapura iku. Raden Ronggo njaluk gapura iku, nanging Bambang Kebo Nyabrang ora menehake. Amarga gapura iku ora diwenehake, banjur raden Ronggo adu kaskten karo Bambang Keebo Nyabrang. Nalika perang, kembang sing ana ing gapura iku ceblok, mila ana panggonan iku diwenehi jeneng “Sekarkurung” utawa sing nduweni makna “kembang kang ceblok”.
Perang diterusake maneh, nanging gapura isih digawa. Neng kulon Sekarkurung ana kedadean maneh, ganjal lawang gapura iku ucul, banjur daerah kuwi dijenengi “Jelawang” ( Ganjel Lawang ). Ing panggon liya desa perange mandheg. Amarga perange leren, desa iku diarani “Nduren” sing nduweni makna “Padu lan Leren”.
Nalika Bambang Kebo Nyabrang nerusake perang, sunan Muria ngendheake perang iku. Ana ing lereng bukit desa Gembong, sunan Muria weruh menawa srengenge wis methongol. Mila sunan Muria nduweni gagasan menawa gapura iku ora bisa digawa ana ing Muria. Amarga lereeng kanggo perang srengengene wis methongol,sunan Muria ngonong : “ Lha kae srengengene wus ceta wela-wela”. Lereng punika diarani “Trowelo” ( Ceta Wela-wela ). Sunan Muria ngandhel yen Bambang Kebo Nyabrang iku anake, nanging raden Ronggo ora seneng amarga Bambang Kebo Nyabrang diakoni sunan Muria sing nggawa gapura iku. Sunan Muria ngomong karo raden Ronggo : “ Ronggo sapa sing sakbenere nggawa gapura Majapahit iku?”. Raden Ronggo mangsuli kang gawa gapura iku dheweke, nanging ing dalan dijaluk Bambang Kebo Nyabrang. Kanggo mbuktekna sing nggawa raden Ronggo, sunan Muria ngongkon raden Ronggo ngangkat gapura iku, nanging gapura iku ora bisa kaangkat, nganti mripate raden Ronggo mondol lan ilate melet nanging gapura iku ora bisa kaangkat. Desa iku diarani karo sunan Muria desa “Rondole” sing nduweni arti raden Ronggo ( Ron ), Mondol ( Dol ), lan Melet ( Le ). Gapura iku ditingali sunan Muria, amarga patoke gapura iku ora ana, sunan Muria ngongkon raden ronggo njupuk. Raden Ronggo nduweni kesempatan kanggo mbuktekna karo Roro Mujiwat yen dheweke wis bisa nggawa gapura iku. Raden Ronggo tumuju ana ing Ngerang kanggo ketemu karo Roro Mujiwat. Sakwise tumuju ana Ngerang raden Ronggo ketemu karo Roro Mujiwat lan ngutaraake yen wis bisa nggawa gapura kaputren Majapahit. Nanging Roro Mujiwat wis ngerti crita sing sakbenere, mila ditolak tresnane raden Ronggo kanggo ngepek bojo. Amaraga ora trima raden Ronggo oara bisa ngendheaken amarahe, banjur Roro Mujiwat digebug nganggo patok kang wis digawa raden Ronggo. Kedadean iku ana ing desa Gembong.
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2010/10/gapura-majapahit.html

Dongeng Atau Cerita Sunan Kalijaga Dalam Bahasa Jawa

Jeneng asline Sunan kalijogo yoiku Raden Sahid. Putra Adipati Tuban sing jenenge Temenggung Wilatikta. Raden Sahid kalebu keturunane Ronggolawe sing agamane Hindu, uga kanthi asma Raden Sahur.
Nalika Raden Sahid cilik, Raden Sahid wis di kenalake karo agama Islam karo guru kadipaten Tuban. Nanging senajan deweke weruh kahanan sekitare sing beda adoh karo uripe wong cilik sing pada ngelih. Raden Sahid banjur atine mberontak.

Wektu Raden Sahid isih bocah atine ora lila, weruh para pejabat kadipaten sing sewena–wena marang rakyat cilik. Durung meneh upeti sing di pungut kadipaten luwih saka bates kewajaran nambahi bebane rakyat sing wektu kuwi wis kabotan anggone urip.

Nalika musim ketiga dawa nambahi nelangsane rakyat. Panen sing pada gagal amerga ora ono banyu. nanging pejabat kadipaten pada ora peduli sing di pedulike amung piye anggone meres pajak saka rakyat cilik.
Raden Sahid putra bangsawan kuwi, dheweke luwih seneng urip sing bebas, kang nentang karo adat istiadat kebangsawanan. Deweke luwih seneng kumpul nyawiji kalian rakyat jelata. Amarga saka uripe kuwi deweke reti sakjeroning masyarakat Tuban.
Niat kanggo ngurangi kasengsaraane rakyat wis dikandhakake kalian bapane. Nanging bapane ora bisa apa–apa. Deweke maklum amarga bapake sing njabat dadi Adipati bawahane Majapahit. Nanging niyate Raden Sahid ora bisa dilerem. Nalika bengi deweke seneng ngurung awake ning kamar saperlu ngaji Al-quran.
Nalika sing jaga gudang kadipaten turu, Raden Sahid njupuk bahan pangan ning gudang sing arep di setor marang Kerajaan Majapahit. Bahan makanan mau di bagekake marang rakyat jelata sing butuh banget kanggo nyambung urip. Sing di lakukake Raden Sahid ora ana sing ngerti uga kanggo sapa kang nampa pitulungane iku mau.
Banjur rakyat sing rak reti apa–apa iku mau bingung campur seneng entuk rizki sing rak kedugo–dugo.
Ora trimo rakyat sing kaget nrimo rizki sing kaya–kayane tiba saka langit nanging sing jaga gudang ya krasa kaget naliko barang lan bahan makanan sing bakale arep diwenehake marang Kerajaan Majapahit tiap bengine sansaya kurang.
Sing jaga padha penasaran sapa sing wani maling barang sing kangarep dadi upeti kanggo Kerajaan Majapahit iku mau. Nalika bengi para penjaga pada ethok–ethok turu,ngenteni malinge teka. Jebule bener ana maling sing ngendap-ngendip marang lawang gudang nanging di tok dhisik karo penjaga nunggu sampe maling iku mau jupuk barang sing arep di maling. Naliko di deloke para penjaga gudang mau padha ora percaya menawa sing maling yaiku junjungane dhewe ingkang putra Adipati Wilatikta Raden Sahid. Banjur Raden Sahid di gawa menyang Adipati Wilatikta. Banjur kang bapa iku nesu ora percaya putra kesayangane iku mau wani dadi maling ana ing omahe dhewe. Banjur Raden Sahid diukum kalian ukuman cambuk nang tangan 200 sabetan. Ukuman sing linyane yaiku di kurung sakjrone kamar. Lan pesene bapane aja pisan–pisan meneh maling.
Sakwise nglakoni ukuman sing di wenehi saka bapane, banjur Raden Sahid mutusake metu saka lingkungan istana. Lungo terus jarang mulih nganti biyung lan adhike kuwatir menawa ana kedaden kang ora apik kalakoni dening Raden Sahid.
Saiki Raden sahid ora trima maling nanging dadi begal sing maling wong sugih sing enthuk rizki saka barang sing ora halal. Anggone ngrampok Raden Sahid nganggo topeng lan busana sarwa ireng.
Nanging suwe suwe anggone nganggo busana khase dheweke iku ana isng niru. yaiku gerombolan perampok kang tanpa mikir sapa kang bakal dibegal. Gerombolan iki ora sungkan anggone mateni sapa sing arep di rampok.
Sak wijining bengi, naliko Raden Sahid lagi mudhun saka musholla ba’dha isya, ana sak siwijining omah sing bengak–bengok ana rampok. Banjur Raden Sahid cepet–cepet tumuju omah sing dirampok iku mau. Nanging nalika Raden Sahid teka ing papan si perampok iku mau lagi ngrudhapeksa bocah wadon sing ana nang papan iku. Naliko arep di cekel kalian Raden Sahid rampok iku mau padha mlayu nanging bocah wadon sing di perkosa mau nyikep siset Raden Sahid nganti penduduk desa teka.
Amargo Raden Sahid isih gawa topeng rampoke bajur para penduduk desa padha nganggep menawa sing ngrudhapeksa iku ya Raden Sahid.
Nalika topeng di buka para warga padha ora percaya sapa kang dadi perampok, yaiku iku putra junjungane dhewe. Nalika Raden Sahid di gawa marang adepane kanjeng Adipati, Adipati Wilatikta duka gede. Sang Adipati murka amarga Raden Sahid sing wis di karepake ora bakal maling meneh tanpa bias ngowahi tumindhake. Raden Sahid diusir saka kadipaten karo Bapane, “lunga saka kadipaten Tuban iki rak sah mulih! sakdurunge kowe bisa nggetarake dinding kadipaten iki nganggo bacaan Al Qur’an sing saben wayah bengi mbok woco iku!”
Adipati Wilatikta iku sing asline ora percaya karo apa sing dilakukake putra kesayangane iku. Apa sing dikarepake Adipati, Raden Sahid sing menggko dadi penggatine dadi Adipati nang Tuban sirna.
Naming siji wong sing ora percaya Raden Sahid nglakukake perbuatane iku mau yaiku adhike Dewi Rasa Wulan. Amargo rasa kasihhe marang kakangne iku Dewi Rasa Wulan lungo nggoleki kakange Raden Sahid ananging ora ketemu.
Sakwise di usir saka kadipaten Tuban banjur Raden Sahid lunga menyang alas Jatiwangi. Pirang–pirang tahun Raden Sahid ngrampok wong sing sugih sing lewat nang alas iku nganti di juluki Brandal Lokajaya.
Sawijining dina naliko ana wong tuo sing gawa teken lewat dhewe nglewati alas Jatiwangi. Nalika di sawang–sawang tongkate iku mau kok ngetoakae sinar kempling koyo–koyo gagange iku digawe saka emas. Banjur ora nunggu suwe tongkat sing di gawa wong tuwo mau di rebut pekso nganti wong tuwo mau tiba grubakan nang lemah.
Kanthi susah wong tuwo mau tangi, matne ngetoake eluh nanging ora ngetokake suara naliko wong nangis. Nanging Raden Sahid lagi sibuk ndelengi tongkat sing direbut iku mau. Sansaya suwe di sawang tongkat iku mau jebule dudu emas sing di karepake Raden Sahid iku mau. Raden Sahid kaget nalik weruh wong tuwo sakwise direbut tongkate kok nembe nangis “aja nangis meneh iki tongkatmu tak balikna”. “dudu tongkat iki sing tak tangisi” omongane wong tuwo mau nunjuake suket sing ana nang tlapakane. “delokno! Aku wis nglakoni dosa, gawe sia–siane barang. Suket iki mau kecabut nalika aku tiba”
“Namung pirang lebar suket, ndadekake kowe krasane salah banget?” pitakone Raden Sahid.
“Ya, aku wis dosagedhe mergane aku nyabut suket iki mau tanpa ana gunane. Naliko aku ncabut suket iki tak dadikno makanan ternak iku rak apa. Nanging barang sing di siak–siakna iku sing marahi dosa.”
Ati Raden Sahid krasanalika krungu ukara iku mau.
“Cah bagus apa sing mbok karepake nang alas iki?”
“Kula golek bandha”
“Kanggo apa?”
“Tak keake marang wong fakir lan miskin”
“Hmm…. Atimu sebenere mulya, nanging caramu sing kliru”
“He wong tuwa apa karepmu?”
“Oleh aku takon karo kowe? Nak kowe ngumbah pakaian nganggo banyu uyuh apa klambimu iku mau bakale resik? Allah iku Dzat Suci, amung nrima amalan saka barang – barang sing apik lan halal”. Kandhane wong tuwa mau.
Raden Sahid sansaya gemeter krungu wong tuwa mau
“Akeh dalan sing di lakokake nalika kowe pengen nulung wong fakir lan miskin mau. Kowe ora bisa ngrubah nasibe wong iku mau namung aweh pangan lan dhuwit saka ngrampok iku mau. Kuwe peringatke pengausa–penguasa sing lalim ben ngrubah carane mimpin rakyate kanthi aja sewenang–wenang. Kowe ya bisa aweh pangarep kanggo ngowahi uripe kang sengsara kanthi luwih sregep anggone kerja.”
Raden Sahid sansaya gemeter krungu sing diucapake wong tuwa mau.
“Nek awakamu arep golek rizki sing halal nanging ora ngrugiake wong jupuka sing ana nang wit iku mau, kanthi nunjuk nang wit aren iku mau.
Sakwise ngomong iku mau wit aren iku berubah dadi emas. Di penek wit aren iku mau dipetiki uwohe. Nalika dhewe methik emas ana wit aren iku mau banjur wohe wit aren iku mau banjur rontok ngebruki Raden Sahid nganti semaput. Nalika sadar Raden Sahid nggoleki wong tuwa mau. Nanging wong tuwa mau wis adoh amung katon bayangane. Mlayu kebatan Raden Sahid ngoyak wong tuwa mau niba nangi. Akhire sak pinggire kali Raden Sahid kasil nyusul wong tuwa mau.
“Nyuwun pangapunten ……….. nyuwun njenengan purun ngangkat kula dados murid” njaluk Raden Sahid menyang wong tuwa mau.
“Kowe arep sianu bab apa karo aku?”
“Menapa mawon, sing penting panjenengan purun ngangkat kula dadi murid.”
“Abot …. Sarate apa abot, apa kowe siap?”
“Kula siap!”
Wong tuwa iku mau banjur nacepake tongkat sing di gawa mau lan Raden Sahid di kongkon nunggu tongkat iku mau nang pinggir kali nganti dheweke balik nemoni Raden Sahid meneh. “Aja pisan–pisan lunga saka papanmu nunggu tekenku iki”
Banjur wong tuwa mau nyebrangi kali kanti ngmbang ora kena banyu babar pisan. Sakwise wong tuwa mau ilang saka pandangane Raden Sahid banjur Raden Sahid sila nunggu tongkat sing tancepake mau kanthi eling saksijining surat sak jeroning Al Qur’an babagan Ashabul Kahfi kanthi ndonga Raden Sahid di dadikna kaya Ashabul kahfi sing turu ratusan taun.
Dongane Raden Sahid kasembadan dening Allah SWT, Raden Sahid turu kurang luwihe 3 tahun. Nganti awake di rubungi suket lan lumut.
Sak wise telung tahun wong tuwa mau banjur teka nemoni Raden Sahid. Nanging Raden Sahid ora isa di tangikna amarga wis ngakon dekne turu. Banjur di adzani karo wong tuwa mau kanthi Raden Sahid mbukak matane sakwise telung taun nungguni teken si temancep nang pinggir kali.
Awake Raden Sahid di resiki diwenehi busana anyar lan di gawa menyang tiban, napa kok Tuban amarga wong tuwa mau yoiku Kanjeng Sunan Bonang. Sakwise dina iku Raden Sahid di kenal kalian sebuta Sunan Kali Jogo sing diartikna wong sing pernah jogo kali taunan.
Nanging ana sing ngartikna Kali Jogo artine wong sing jogo aliran akidah nang mangsa iku. Artine ora ana akidah sing mbebayani umat.
Raden Sahid utowo Sunan kalijogo di perintahake kalian Sunan Bonang kanggo nyebarake Islam nang tanah jawi kalian njogo akidahe ben tetep murni yoiku akidah islam.
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2010/10/sunan-kalijogo.html
 

Dongeng Atau Cerita Kota Jepara Dalam Bahasa Jawa


Kutha Jepara menika saking tembung Jugmara (Ujung Muara) lan dipungantos dados Jepara, wonten maleh ingkang nyebat Ujung Para. Wiwit abad XVI wilayah menika sampun dipunsumerepi tiyang kathah mawi asma kutha Bandar.
Miturut Tom Pires panyerat Suma Oriental, Jepara nate dados pelabuhan militer, kinten-kinten taun 1470 M. Jepara nembe dipunanggeni 90-100 tiyang kang dipunpimpin Aryo Timur. Mawi patraman lan kauletan Aryo Timur saged ngubah Jepara dados Kutha Bandar ingkang ageng. Taun 1570 Aryo Timur dipungantos putranipun ingkang asma Pati Unus kang tasih timur (17 taun).
Pangarsanipun beliau, Jepara ngembangaken armadha perang lan ugi nggantos papan menika dados armada niaga ingkang endah lan ageng sanget. Pati Unus ugi ngirim armadha perang datheng Palembang kangge nyerang Portugis ingkang nguwasani Malaka (1513). Menika kang dipungayuhaken dening Pati Unus boten kaleksanan, inggih menika kalah. Pramila dipungantos sedherekipun kang asma Fatahilah (1513-1536). Jepara nate mbiyantu Fatahilah nalikane ngrebut Banten lan Sunda Kelapa. Nalika Sultan Trenggono dados pangarsa ing kedhaton Demak Bintoro wonten ing rerebutan pangarsa menika Hadirin ingkang garwanipun Retno Kencono seda dipunpejahi dening Aryo Penangsang.

Keraosanipun Retno Kencono boten penggalih, saengga tapa ing bukit Danaraja. Retno Kencono ngumbar janji bilih Aryo Penangsang dereng seda boten ngrampungi anggenipun tapa. Gegayuhanipun kalaksanan nalikane Sutawijaya saged mejahi Aryo Penangsang kaliyan Tombak Kyai Plered. Retno Kencono mandap saking anggenipun tapa lan dipun dadosaken adipati Jepara kanthi gelar Kalinyamat wonten ing 12 Robiul Awal 956 Hijriyah utawi 10 april 1549 M, dipun tandhai kaliyan Canra Sengkala “Trus Karya Tataning Bumi”, saengga wiwit menika dados adidhasar panetapipun dinten dadosipun kutha Jepara.

Pangarsanipun Kalinyamat, Jepara dados adipati ngantos 30 taun luwih. Seni ukir wiwit ngrembaka ing kutha menika katingal saking ornamen Masjid Mantingan papan panggenan Pangeran Hadirin dipunmakamaken.
Kalinyamat dipun gantos putranipun ingkang asma Pangeran Jepara (1579-1599). Ing pungkasan abad XVI kadipaten Jepara dipunserang bala tentara kerajaan Mataram. Saksampunipun peperangan boten wonten penguasa utawi pangarsa. Nalikane Jepang ing Indonesia, jabatan bupati dipun astha dhening RAA Soemitro Koesoemo Oetoyo ngantos Desember 1949, ngantos sakmenika sampun wonten 13 bupati ingkang mimpin Jepara, kalebet Drs. H. Hendro Martojo, MM. 

Sumber : http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2010/11/kutha-jepara.html

Dongeng Atau Cerita Ki Ageng Panjawi Dalam Bahasa Jawa

Ki Ageng Penjawi karo Pemanahan lan Jurumertani nalika isih nom tau dadi muride Ki Ageng Sela. Wong telu kuwi diarani telung serangkai, sing isih keturunane raja Brawijaya V utawa Prabu Kertabumi sing nduwe tahta nalika taun 1468-1478. Silsilah Ki Ageng Penjawi yaiku: Raja Brawijaya V duwe anak raden Bondan Kejawan. Raden Bondan Kejawan duwe anak telu, sing kari jenenge Rara Kasihan lan dadi bojone Ki Ageng Ngerang. Pasangan iki nduwe anak yaiku Ki Ageng Ngerang II lan anak wadon sing dipek bojo Ki Ageng Sela. Ki ageng Ngerang II duwe anak papat yaiku ki Ageng Ngerang III, Ki Ageng Ngerang IV, Ki Ageng Ngerang V lan Pangeran Kalijenar. Ki Ageng Ngerang III duwe anak jenenge Penjawi.

Silsilah Ki Ageng Pemanahan yaiku : anake Raden Bondan Kejawan sing nomer loro jenenge Ki ageng Getas Pandawa. Ki Ageng Pandawa nduwe anak Ki Ageng Sela. Ki Ageng Sela duwe anak Ki Ageng Enis. Ki Ageng Enis nduwe anak sing diwenehi jeneng Pemanahan.

Silsilah Ki Jurumertani yaiku: anake Raden Bondan Kejawan sing paling tuwa yaiku Ki Ageng Wanasaba. Ki Ageng Wanasaba nduwe anak Pangeran Made Pandan I. Pangeran Made Pandan I duwe anak Ki Ageng Pakringan sing bojone jenenge rara Janten. Saka pasangan iki nduwe anak papat yaiku Nyai Ageng laweh, Nyai Manggar, Putri, lan Jurumertani.


Ki Ageng Penjawi, Ki Ageng Pemanahan, lan Ki Jurumertani sing isih keturunane Raja Brawijaya kuwi oleh tugas gedhe yaiku melu ngrampungake perkara kluwarga Kasultanan Demak sing wis ngentekake korban akeh.

Kabut kandel nutupi bumi Demak nalika padha ngrebutake kekuasaan. Kuwi disebabake ulahe Bupati Jipang Panolan jenenge Aryo Penangsang sing ora liya anake Pangeran Suryawiyata (Pangeran Sedalepen). Aryo Penangsang gela sawise ngerti yen sing bakal munggah tahta ngganti Sultan ing Demak, Sultan Trenggana sawise seda yaiku ora dheweke, nanging sing diangkat malah Jaka Tingkir sing mung mantune Sultan Trenggana.

Merga gela Aryo Penangsang nduwe niyat elek arep mateni kabeh keturunane Sultan Trenggana. Supaya niyat elek kuwi bisa Kabul Aryo Penangsang nganakake patemon sing ditekani Laskar Soreng. Ing ngarepe Soreng, Aryo Penangsang mrentah supaya mateni gedhe-gedhenan. Sing ping pisan arep dipateni yaiku Pangeran Mukmin lan bojone, minangka piwalese, merga sing ngerti kabeh yen Aryo Penangsang arep mateni Pangeran Suryawiyata. Sing ping loro, mateni Pangeran Hadiri, bojone ratu Kalinyamat. Yen Sultan Pajang Arep dipateni Aryo Penangsang dhewe. Sakwise ngerti perintahe Aryo Penangsang, para Soreng lunga nglakoni tugas sing wis diprentahake.


Para Soreng karo nggawa keris brongot Setan kober ora kangelan nglakoni tugase. Malah, rakyat cilik sing dicurigai mihak utawa mbela Jaka Tingkir utawa Sultan Hadiwijaya dipateni. Sakwise mateni Pangeran Mukmin, para Soreng lunga golek Pangeran Hadiri lan Ratu Kalinyamat sing ngadhep Sunan Kudus. Gang pirang-pirang dina para Soreng ngintik lan nyegat sadawane dalan antarane Kudus nganti Jepara.


Ratu Kalinyamat karo bojone lan para rombongane nalika lagi arep balik dicegat para pengikute Aryo Penangsang. Peperangan uga kedaden kanthi sengit. Ratu Kalinyamat sing jeneng asline Retna Kencana katon kuwat lan cekatan endha lan menthung mungsuhe. Pangeran Hadiri lan pengawale uga gigih nglawan serangan-serangane para Soreng sing arep mateni dheweke. Nanging Pangeran Hadiri kena Keris Brongot Setan Kober sahingga getihe sing metu akeh. Pangeran Hadiri tetep bisa nahan nganti tekan Kalinyamat.


Gang pirang-pirang dina malane Pangeran Hadiri ora malah mari nanging sangsaya nemen. Kanthi cara apa wae wis dilakoni supaya larane amarga kena Keris Brongot Setan Kober mari. Nanging takdir Tuhan sing nemtokake, Pangeran Hadiri seda. Ratu Kalinyamat susah amarga ditinggal lunga bojone yaiku Pangeran Hadiri. Minangka tandha bhekti lan hormat marang bojone, Ratu Kalinyamat mutusake lunga ing Bukit Danaraja (Jepara) arep “tapa uda” sing artine ninggalake busana kaagungan kratone lan nguculake perhiasane kabeh. Ratu Kalinyamat mung nganggo busana biasa kanthi ati kang tulus, sabar njaluk keadilan marang Gusti kang maha kuwasa.


Sultan hadiwijaya karo Ki Pemanahan, Ki Penjawi, lan Ki Jurumertani lunga ing bukit Danaraja nemoni Ratu Kalinyamat ngucapake bela sungkawa lan ngajak Ratu mulih ing Demak. Ratu Kalinyamat ora gelem balik ing Demak utawa ing dalem Kalinyamat. Dheweke pengen tetep nglakoni tapa nganti sakdurunge Aryo Penangsang mati. Krungu omongane Ratu Kalinyamat kaya mau Sultan Hadiwijaya nganakake sayembara “sapa sing bisa ngalahake Jipang Panolan lan nyekel Aryo Penangsang arep diwenehi hadiah  bumi Pati lan Alas Mentoak.”


Lagi wae sayembara rampung diumumake wis ana laporan yen Aryo Penangsang malah nantang perang tandhing karo Sultan Hadiwijaya. Krungu laporan kaya mau Sultan Hadiwijaya panas atine lan kepengin cepet-cepet lunga dhewe nemoni Aryo Penangsang. Ki Jurumertani menehi piweling supaya Ki Penjawi, Ki Pemanahan, Danang Sutawijaya lan dheweke dikon melu ngawal. Perang antarane Jipang karo Pajang sing sebenere isih ana hubungan keluarga bakal temenanan kelakon. Minangka panglima perang ditunjuk Ki Penjawi lan Ki Pemanahan. Dheweke setuju dadi panglima perang lan karo nggawa tombak Kyai Pleret lan pembekalan perang rombongan lunga ing perbatasan nyegat pasukan Aryo Penangsang.


Ing watesan Jipang, Aryo Penangsang sing dikawal lascar Soreng wis suwe ngenteni. Karo nunggang jaran gagakrimang lan Keris Kyai Brongot setan Kober sing didokok bangkekane Aryo Penangsang sesumbar sombong. Ora suwe pasukan Pajang teka kanthi gagah berani. Aryo Penangsang sesumbar maneh. Ki Penjawi ora gampang emosi, dheweke ora kesusu nanging nganggo pikiran lan strategi sing cermat.

Sakwise persiapan mateng, minangka panglima perang Ki Penjawi menehi komando serbu. Kurang saitungan sadhetik, perang antarane Jipang Panolan karo pajang kedadean. Akeh prajurit sing mati ing tengah palagan. Kuwi pancen wis dadi resiko peperangan. Nalika peperangan kuwi Aryo Penangsang kena tusukan Tombak Kyai Pleret sing dihujam Danang sutawijaya nganti ususe metu. Wektu kuwi Aryo Penangsang kepengin mateni Raden Danang Sutawijaya. Mula, keris sing ing bangkekan diunus. Usus Aryo Penangsang pedhot kena kerise dhewe, Kyai Brongot Setan Kober. Aryo Penangsang tiba saka jaran Gagakrimang lan sidane mati.

Tandha bukti yen Ki Penjawi wis nglakoni tugase yaiku Ki Penjawi nglapor marang Sultan Hadiwijaya. “lapor sultan, tugas sampun kula tindhakaken”,ujare Ki Penjawi. Isi laporane yaiku siji kabeh kekurangan dadi tanggung jawabe Ki Penjawi minangka pimpinan perang. Ping loro, kasil nglumpuhake Jipang Panolan lan bisa mateni Aryo Penangsang yaiku keberhasilan bareng-bareng antarane Danang Sutawijaya, Ki Jurumertani, Ki Pemanahan, lan Ki Penjawi.


Sultan Hadiwijaya ngucap matur nuwun marang kabeh pihak sing wis nglakoni tugas kanthi hasi kang gtemilang. Perseteruan antarane Jipang Panolan lan Pajang wis ora ana maneh saengga rasa kekancan urip aman bisa Kabul. Kaya apa sing wis dijanjekake nalika sayembara, minangka hadiah Sultan Hadiwijaya jabatan Patih ing kesultanan pajang marang Ki Jurumertani, nyerahake alas mentoak marang ki Pemanahan lan Bumi pati marang Ki Penjawi.


Nalika dina apik Ki Ageng Penjawi mangkat nindakake tugas anyar yaiku mimpin bumi Pati kanthi rasa seneng lan kebak tanggung jawab. Rakyat pati bisa nampa Ki Ageng Penjawi kanthi ramah lan tulus ikhlas. Ora masalahake saka ngendi asal-usule Ki Penjawi yaiku putra asli daerah utawa ora. Semana uga Ki Penjawi ora nduwe sikap sombong, malah rendah hati, ramah lan ora mbeda-mbedakake siji lan sijine.

Minangka pamimpin anyar, Ki Penjawi ora isin-isin ndolani para tokoh rakyat Pati antarane Ki Gede Ragawangsa, Ki Gede Jiwanala, Ki Gede Plangitan lan Ki Gede Jambean. Para tokoh rakyat Pati mau dijaluki saran soal kondisi daerah Pati guna gawe langkah-langkah kanggo gawe kawicaksanan

Langkah pisanan Ki Penjawi nalika mrentah Pati yaiku nata punggawane. Kabeh pejabat saka tingkat cendhek nganti dhuwur kudu bisa nglakoni telung syarat yaiku jujur, disiplin, lan ahli ing bidange dhewe-dhewe. Ki Ageng Penjawi nalika mbangun  ndhisikake bidang pertanian merga akeh rakyat Pati dadi Petani. Rakyat ana sing tekun ing bidang peternakan, perikanan, lan cocok tanam.

Saben bidang garapan dicekel ahline saengga nalika ana pekara bisa dirampungake kanthi apik. Daerah pati dadi maju. Rakyat Pati nalika kerja semangat lan dibarengi rasa aman wektu dipimpin Ki Ageng Penjawi. Saiki jeneng Ki Penjawi dadi salah sijining jeneng dalan ing Kutha Pati.
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2010/11/ki-ageng-penjawi.html
 

Dongeng Atau Cerita Ki Ageng Pandanaran Dalam Bahasa Jawa

Crita iki diwiwiti saka Kerajaan Demak Bintara, kerajaan Islam sing sepisan neng tlatah Jawa, rajane jenenge Raden Patah. Dheweke keturunan Brawijaya sing omah-omah karo putri Tiongkok. Merga tlaten dheweke bisa mbangun krajaane sing ndadekake rakyate urip makmur lan bias tentrem anggone nglakoni ibadah agamane. Sawise Raden Patah seda, mula sing nggenteni dadi raja ora liya anak mbarepe sing jenenge Pangeran Sepuh utawa Pangeran Sepuh Sabrang Lor. Pangeran iki duwe anak lanang jenenge Pangeran Made Pandan lan dikarepake sing bakal nggenteni dheweke.
     
Nanging, apa sing dikarepake dening Pangeran Sepuh Sabrang Lor ora bakal kawujud, merga Pangeran Made Pandan ora gelem dadi Sultan. Dheweke kepengin dadi ulama gedhe lan nyepi arep nglakoni tapa, uga ngangsu kawruh bab agama. Dhek bapake seda, kuwasane diwenehake marang Paklike, Raden Trenggana diangkat dadi Sultan Demak ketelu. Pangeran Made Pandan banjur ninggalake Kasultanan Demak lan ngumbara nuju arah Kidul sig ora bakal dingerteni dening sedulur Kasultanan.


    Sajroning pangumbaran, dheweke mesthi ngajarake lan ngangsu kawruh bab agama Islam. Saya suwe anggone mlaku, lan ora dirasa dheweke wis tekan ing sawijining panggonan sing diarani Bergota. Neng panggonan iku, dheweke ngedegake pondho-pondhok pesantren kanggho para pandhereke kanggo ngangsu kawruh lan nyebarake agama Islam. Kanthi sarujuke Sultan Demak, Pangeran Made Pandan mbukak alas anyar lab ngedegake omah uga gawe kampung. Ngelingi alas mau akeh wit asem arang-arang, tegese asem sing jarake adoh-adoh, mula diarani Semarang (asale saka tembung asem “asam”, lan arang “jarang”). Merga tlaten lan sabar anggone mulang warga bab agama, Pangeran Made Pandan banjur kesuwur kanthi paraban Ki Ageng Pandanaran. Banjur dheweke ngedegake Kabupaten Semarang sing diestoni dening Sultan Demak lan Ki Ageng Pandanaran diangkat dadi bupati sing sepisanan ing Semarang. Dheweke nglakoni pamarentahan kanthi wicaksana lan tlaten. Ki Ageng Pandanaran duwe anak sing uga kesuwur kanthi paraban Ki Ageng Pandanaran. Pungkasane, Bupati Pandanaran (Pangeran Made Pandan) tilar donya. Lan disarekake ig Pegunungan Pakis Aji (Telomoyo) sing manggon ing sisih wetan Bergota. Ki Ageng Pandanaran nggantekake kalungguhane bupati Semarang merga saka warisane jenate bapake. Dheweke mimpin Pamarentahan kanthi apik lan mesthi manut karo ajaran-ajaran Islam kaya dene jenate bapake. Nanging suwe-suwe ana owah-owahan. Dheweke sing maune apikan aten iku saiki wis malih dadi luntur. Tughas-tugas pamarentah sing maune digarap nganti rampung lan tumata kanthi thirik-thirik, saiki wis wiwit kerep ora digubres lan digarap, apa maneh pondhok-pondhok pesantrene lan panggonan kanggo ngibadah sing wis wiwit ora dirumat maneh. Nanging bejane sing kaya mangkono mau nuli dimangerteni dening Sultan Bintara, mula oa dadi kedarung-darung tekan ngendi-endi.
    Sultan Demak ngupayakake kanggo nginsyafke Ki Ageng Pandanaran kanthi prantaran utusane, nanging kekarepane Sultan Demak ora diwangsuli nanging malah diece entek-entekan. Ngerteni kahanan sing kaya mangkono, mula Sultan Demak nganakake rembugan gedhen sing bakal ditekani dening para pejabat lan tokoh agama, ing antarane para Walisanga. Kanggo ngemban tugas kuwi, diputuske yen sunan Kalijaga ditunjuk dadi utusan Sultan Demak.

Sunan kalijaga nyamar dadi tukang suket sing nawakake dagangan sukete neng plataran Kabupaten Semarang kanggo pakan jaran piyaraane. Sawise suket mau dituku, banjur dibongkar dening tukang jaran sing pranyata ing jerone mau ditemokake emas sakepel sing pating kumeclap. Emas sakepel mau banjur diakoni dening sang bupati dadi duweke. Kahanan kaya mangkono iku kedadeyan nganti ping pirang-pirang nganti emas sing ditampa yen dijumlahke wis mesthi akeh banget lan samsaya srakah lan tamak bae bupati mau. Nalika tukang mau ngandhakake marang sang bupati ngenani emas sakepel mau nanging kasunyatane ora diakoni yen dhewee nympen emas duweke tukang suket.

    Mula si tukang suket mau meneng sedhela ndonga marang Gusti kang Murbng Dumadi supaya diwenehi pituduh lan dalan kanggo nakluke sag bupati Semarang tanpa mancing tukaran utawa padudon. Si tuang suket ngandharake yen sang bupati ora ngakoni ora dadi ngapa, malah yen sang bupati isih kepengin emas s9ing luwih akeh maneh, dheweke saguh kanggo nduduhake neng endi panggonan emas-emas mau. Sawise ngrungokake tembung-tembung mau, tanpa isin-isin sang bupati terus meksa supaya age-age diduduhake neng endi panggonan emas sing dimaksud mau.
    Sing dodol suket ngongkon sang bupati supaya macul lemah neng platarane Kabupaten. Wiwitane sang bupati ngrasa mamang, nanging merga anggone duwe kekarepan kpengin entuk emas sing luwih akeh, mula pangrasa sing kaya mangkono iku dilalekake, lan panjaluke tukang suket mau dituruti. Kanthi gedhe lan kuwasane Sang Maha Wikan, mula kasunyatane saben kilan lemah sing dipacul mau dadi emas. Mula sang bupati kanthi rasa ati sing bungah, banjur nerusake anggone macul, dheweke ngrasa samsaya kesel lan wis ora saguh maneh anggone ngayunke pacule.
    Wiwit saka kedadeyan sing lagi bae dilakono, dheweke sadhar yen apa sing diadhepi kuwi dudu sembarang wong. Merga ora percaya yen wong sing dodol suket bias nggenti lemah dadi emas. Dheweke ngrumangsani yen dheweke wis kesasar lan keblusuk ing padonyanan. Pungkasane dheweke takon sapa sejatine sing dodol suket iku, lan wangsulane yen dheweke sejatine Sunan Kalijaga, salah sijine saka Walisanga. Krungu kaya mangkoni iku, sang bupati age-age njaluk ngapura ngenani apa sing wis dadi kaluputane, lan sang bupati pungkasane gelem diangkat dadi murite Sunan Kalijaga, nanging kudu ana syarate. Banjur Sunan Kalijaga pamit arep ngadhep marang sang Baginda Sultan Demak, lan ing wektu sing ditemtokake dheweke arep tka maneh padha karo kanggo ngumbara.
    Sawise Sunan Kalijaga lunga, bupati Pandanaran wiwit tata-tata kanggo nyiapake pangumbarane. Sakliyane kuwi dheweke mesthi sedekah lan ngamalke bandhane kanggo fakir miskin, kanggo netepi janjine. Ki Ageng Pandanarang karo bojone ngumbara kanggo nggolek sing dinggo nemeni plajarane marang agama Islam, khususe ing Jawa. Pungkasane Ki Ageng pandanaran netep ing Klaten Jawa Tengah nganti seda lan diarekake ing Gunung Jabalkat, nganti saiki kuburan Sunan Tembayat isih rame ditekani dadi objek wisata ziarah sakgandheng karo ziarah Walisanga.
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2010/11/ki-ageng-pandanaran.html

Dongeng Atau Cerita Kancil Karo Asu Belang Dalam Bahasa Jawa

Pak wangsa duwe tegal timun
 saben dina dicolongi kancil
 pak wangsa nemu akal
nggawe wong wongan dioser oseri pulut
sekawit kancil wedi marga dianggep wong temenan
bareng ditamatake lan ora bisa nguyak

ngerti yen kuwi mung wong wongan
kancil nyedhaki wong wongan disotho diantemi
tangan lan sikile kanggo milara kabeh kelet marga kena pulut
si kancil nangis ora bisa uwal
pak wangsa teka lega lan seneng banget dene bisa nangkep
si kancil
kancil dicekel digawa mulih arep dipateni
kancil dikurung dhisik ditinggal ngasah peso
nalikane ditinggal ngasah peso asu belang marani kurungane
kancil
asu belang takon genea kancil dikurungi
kancil ngapusi yen arep dipek mantu
asune kepengin nggenteni kancil
kancil ethok ethok ora oleh
asune tansaya kepengin
wusanane asu mbukaake kurungan
kancil metu asune genti mlebu kurungan
kancil bungah banget bisa uwal saka ingpati
mlayu bablas karo muni selamat tinggal
nalika pak wangsa teka arep nyembeleh kancil
kaget. ... dene sing anajeron kurungan si belang
pak wangsa nesu njupuk penthung
asune dipala dipenthungi nangis klengkengan
asu goblog bodho gampang diapusi 
 
 

Dongeng Atau Cerita Kancil Nyolong Timun Dalam Bahasa Jawa

Ing sawijining ing desa Dadapan urip keluwarga mbok Randa Dadapan karo anake wadon sing jenenge Menur. Bojone wis mati sepuluh tahun kapungkur. Saiki Menur wis dadi kembang desa lan umure wis 17 taun. Mbok Randa Dadapan supaya ora kesepian pengin anake Menur cepet-cepet ndang dadi manten wae. Kebeneran ana pemuda desa sing jenenge Tole Lanang pengin ndadekne Menur dadi bojone.
Kamangka iku mbok Randa Dadapan wis siap-siap areng nganakne pesta kawin kanggo anake Menur
Bojone mbok Randa Dadapan seda kanthi menehi warisan sawah rong hektar. Kanthi bantuwan wong-wong sak desane, sawahe mbok Randa mau ditanemi pari lan palawija kayata kacang lanjaran, kacang dele, waluh, timun, lan semangka. Amarga lemah ing desa Dadapan iku subur-subur, kabeh tanemane mbok Randa mau ya subur-subur lan werna-werni ndemenake. Ana sing wernane abang, putih, kuning, ijo lan ungu
Neng rerembukan alas cedake Desa Dadapan urip sakwijining kewan cilik sing terkenal akeh akale. Bentuk kewane meng kaya wedus utawa kidang, ning cilik, pada wae gedene karo anakan wedus utawa anakan kidang. Jenenge kewan kuwi si Kancil. Kancil wis suwe idune ngiler ndelok kasil sawahe mbok Randa sing subur makmur, utamane timur sing seger lan semangka sing legi-legi seger. Pokoke si Kancil mikir, cepet utawa suwi aku kudu nyolong timun lan semangkane mbok Randa. Tapi dasar pikirane Kancil sing pinter, deweke nggak pengin mung mangan timun tanpa oleh sing liyane. Apa kuwi sing liyane ?
Jebul wis suwe si Kancil pengin dadi mantune mbok Randa lan ngawini anake mbok Randa sing dadi kembange desa Dadapan, yakuwi si Menur. Tanpa sadar, si Kancil wis suwe neroake apa wae sing biasane dilakoni karo Tole Lanang calon bojone Menur. Tapi amarga wetenge luwe, si Kancil pengin ndang cepet wae mangan timun neng kebone mbok Randa. Mangka kuwi esuk-esuk jam 7, si Kancil wis mulai nyolong timun neng kebone mbok Randa. Pas enak-enak mangan timun lan cangkeme kebak timun, si Kancil ditangkep karo mbok Randa dibantu karo akeh wong lanang neng desa Dadapan. Kancil terus ditangkep lan dikerangkeng nganggo kurungan pitik lan dijaga karo si Bruno, asune mbok Rana
Dasar Bruno kuwi asu preman, si Kancil sedela-sedela diwedeni nek areng dibeleh lan dianggo pesta wektu mantene si Menur lan Tole Lanang. “Wah celaka, penginku kawin karo Menur kok malah aku diwedeni terus karo si Bruno”, pikire si Kancil. Kamangka kuwi, ing sak wijining dina si Kancil nyeluk si Bruno, “No..No..mrenea disik No, aku ana kabar penting iki”, si Kancil nyeluk si Bruno. “Kabar penting apa ?”, pitakone si Bruno. “Ngene No, aku iki dicekel mbok Randa amarga aku arep didadekne manten karo Menur anake mbok Randa Dadapan, soale mbok Randa sak jane ora seneng si Menur bakal dilamar Tole Lanang. Senenge mbok Randa ya Menur didadekne manten karo aku, si Kancil sing paling cerdas sak ndonya iki No. Ngerti kowe ra, asu goblok ?”
Pancen Bruno asu iku pikirane cupet. Ning keasuan Bruno tersinggung disebut asu goblok karo si Kancil, kamangka kuwi Bruno nyoba ngrayu si Kancil, “Cil..cil, aku pengin lho dadi mantune mbok Randa Dadapan lan dadi manten karo Menur sing ayune uleng-ulengan kuwi. Wis aku wae sing dikurung neng kono. Mengko kowe tak wenehi 100 wiji timun lan panganen sak waregmu, asal kowe gelem tak genteni”. “We…enak bae, aku wis meh dadi mantune mbok Randa lan dadi bojone Menur kok mbok genteni. Ngene wae, wis timun lan 100 benggol duwit Landa ngge aku. Gelem ora ?, pitakone si Kancil marang Bruno. “Yo wis man, deal yo…?”, Bruno jungkir walik sak senenge…
Akhire Bruno mlebu kurungan pitik, lan si Kancil isa ngirup udara bebas…
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/kancil-nyolong-timun.html

Dongeng Atau Cerita Manuk Gagak Nganggo Elaring Merak Dalam Bahasa Jawa

Ana manuk gagak, bodho nanging ambeg semangkeyan. Ing sawijining dina manganggo semuwa, dene kang dianggo , bodholane elaring merak, olehe nemu. Mungguh ambeg sumangkeyan iku terkadhang bisa mbawurake pandeleng. Gagak mau banjur malendhungake gulune, isin kekumpulan karo panunggalane kang padha ireng, nggoleki merak kang bagus ing rupa.
Ananging luput pangarep-arepe , awit sakehing merak anampik. Bebodholan elar kang dianggo mau banjur padha didhedheli , sarta kang nganggo ditundhung tumuli. Bareng wus didhedheli tuwin dierang-erang , anuli ngungsi ing panunggalane, kang maune cinela-cela. Ananging padha nyingkang-nyingkang , calathune : “Lungaa kowe, kang ambeg sumangkeyan , lungaa, ora patut merak nunggal gagak. Sakehing gagak iku bangsa linuwih asor,. Sarehning disingkang-singkang kanthi pangundhat-undhat , sarta panunggalane ora ana kang melasi, banjur misah karo kang akeh-akeh, wasana mati ngenes.
Liding dongeng mangkene : “ Wong kang gelem kekumpulan karo para gedhe, amarga kalimput ing raja brana lan kamulyan, iku awekasan asring disawiyah wiyah dening para gedhe mau sarta ora diajeni ing pepadhane.

Tegese tembung :
ambeg = nduweni watak
semangkeyan = umuk, ngunggul-unggulake kaluhurane (kaluwihane), sombong.
semuwa = ngengreng, kton sarwa becik
disamuwakake = diramekake.
pasamuwan = karamean ing pista.
ditundhung = dikon lunga
tumuli = nuli, banjur
tuwin = sarta, lan
dierang-erang = dicacad, dipaido.
ngungsi = lunga nyingkiri bebaya, banjir lsp.
cinela-cela = dicacad, diceda, diwada.
nyingkang-nyingkang = disiya-siya, ditundhung-tundhung
pangundhat-undhat = diundhamana kaluputane kang uwis.
mati ngenes = mati krana susah atine.
kalimput = kaling-kalingan, katutup ing
raja brana = donya arupa mas, picis, inten, barleyan, mutyara
disawiyah = disiya-siya, disepelekake banget.
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/manuk-gagak-nganggo-elaring-merak.html

Dongeng Atau Cerita Kancil Kang Podho Miris Dalam Bahasa Jawa


Anuju ing mangsa katiga ana angin gedhe. Saking bangete, pangrasa pucaking uwit-witan tumelunge meh anggepok lemah. Ana kancil lelima utawa nenem, wedi ngrungu gumrubuging angin, enggal padha lumayu, aninggal kancane kang akeh-akeh, tur anane ing kono nunggal kancane mau ora nguwatiri. Palayune nerak ara-ara, kaya diburu ing asu pirang-pirang.
Saking rikating playune, prasasat ora ngambah lemah, ora ana kang noleh, nganti kepengkok ing rawa, ora bisa mbanjurake playune. Awit dening enggaling tekane ing kono sakehing kodhok kang ana ing rawa padha kaget, banjur padha silem. Kancil padha gumun weruh wedining kodhok kang tanpa sebab, wit kancil ora tau sikara ing kodhok. Nuli ana kancil kang wus tuwa, celathu marang kanca-kancane lumayu, tembunge : “ He, wong mitra-mitraku, aku lan kowe mau keplayu dening gumrubuging angin, iku pratingkah gemblung. Kaya pratingkahing kodhok-kodhok iku, padha silem amarga padha wedi ing aku lan ing kowe.
Liding dongeng mangkene : Samubarang kang ora bisa gawe piala ing awakmu, aja kowedeni, dene wong kang watek jirih, wedi ing wayangane dhewe.
Tegese tembung :
miris                    = wedi, giris
pangrasa             = kaya-kaya, ing rasane kaya ..
tumelung            = tumiyung, mentiyung
ara-ara               = palemahan jembar ora ditanduri
kepengkok         = kepapag ing.., ketanggor ing.., kepeped ing ...
sikara                  = ngganggu gawe, milara
gemblung            = gendheng, edan.
piala                    = tindak kang ala.
jirih                        = weden, ora kendel 
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/kancil-kang-padha-miris.html

Dongeng Atau Cerita Menjangan Jaran Lan Uwong Dalam Bahasa Jawa

Ana jaran tarung lan menjangan . sawuse antara suwe, jaran kalah, kaburak saka ing pangonan. Calathune :” Aku ora kelar nandhang wirang mangkene, muga –muga bisa amales mirangake satruku. I lha dalah, aku nemu akal, manusa kang bakal aweh sarana marang aku, iku kang mesthi bisa tetulung. “

Sawuse calathu mangkono, banjur anggoleki manusa, jinalukan tulung. Wangsulaning manusa:” Aku saguh malesake, yen kowe gelem dakkendhaleni, sarta daktunggangi. “
Awit saka pangigit-igiting nedya males, jaran amiturut. Sanalika satrune mati dening gegamaning manusa. Sawuse mangkono jaran ora nemu kabungahan , awit manusa wus sumurup , yen becik gawene, kena ditunggangi, sarta digawa perang. Iya bener jaran wus kelakon males, ananging kadadeyane ora prayoga, amarga jaran mau lestari dietrapi kendhali cangkeme, sarta dipek gawene marang manusa kongsi turun – tumurun.
Liding dongeng mangkene : Wong arep urip dhewe yen kambah ing pangerang-erang , akeh kang thukul sedyane , ngigit-igit ing pamales, ananging ing samangsa anjurungi ing sedyane , asring anyandhang aboting dhendhane.

Tegese tembung :
kaburak    = digusah, digurak
kelar         = rampung, kuwat
prayoga    = becik
anjurungi   = nayogyani, mupakati, nyumbang.
dhendha   = 1. gada, penthung 2. dhuwit kang kudu dibayar minangka paukuma
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/menjangan-jaran-lan-uwong.html

Dongeng Atau Cerita Sapi Kuwuk Buntut Buntung Dalam Bahasa Jawa

Ana kuwuk ambeg julig, saking kurang wiweka buntute kena ing piranti. Kapriye saiki akale si ama pitik, amurih uwale saka kasangsaya. Ora suwe ,ing pamikire, buntute banjur cinakot enggal, anuli lumayu manjing ing alas marang enggone panunggalane.
Iku diundangi padha dikalumpukake , tembunge : “He, sadulur-sadulurku kabeh, kowe wus padha karep sumurup , yen kawruh sarta taberiku mung tansah amurih kaslametanmu. Aku bakal anglairake prakara becik siji manehmarang kowe, angungkuli panemuku kang uwis, wadine mangkene:”buntutmu padha cakoten sing nganti tugel, amesthi bakal andadekake pakolehmu. Ngandela ing aku. Buntutmu angalan-alani awakmu. Yen ginawe lumayu angribedi sarta nyayahake, ginawe lumumpat ngebot-eboti tuwin ngrikuhake, apa dene anjejodheri . Mara, aku tirunen , buntutmu padha cakotana sing nganti tugel.”
Panunggalane ora ana sing miturut, buntut peparinging pepesthen diisihake , sarta padha nyenyampahi  ing pamuruke akeh-akeh , kang memanisi mau, apa dene angerang-erang ing buntunge.
Liding dongeng mangkene : Ing alam donya ora kurang pitutur, kang metu saka ing pamrih.

Tegese tembung :
Angalan-alani                     =kang njalari ala.
Anjejodheri                        = marahi kawiyak wadine.
Julig                                   = pinter nidakake piala.
Kawruh                              = apa-apa kang diweruhi
Memanisi                           = marakake manis
Ngrikuhake                        = marakake rikuh, marakake kidhung, ngisin-isini
Nyayahake                        = marakake sayah (kesel)
Nyenyampahi                    = moyoki, maoni.
Pamrih                               = tujuan murih, kamelikan.
Pamuruke                          = anggone muruk, anggone mulang.
Piranti                                = prabot, alat, guna bisa
Dipiranteni                         = dicawisi, dicepaki
Taberi                                = sregep sarta tlaten.
Wadine                              = dikeker, ora diwedharake marang liyan, rahasia.
Wiweka                                       = pangati-ati
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/kuwuk-buntung-buntute.html

Dongeng Atau Cerita Kethek Lan Woh Sarangan Dalam Bahasa Jawa

Ana kethek siji, cukat colot – colotan ing suketan, nemu woh sarangan siji isih ana klokopane. Enggal lungguh banjur dikrakoti, murih ilanging klokopane, kenaa dipangan isine kang enak . ananging sarehne untune cilik – cilik, rekasa anggone ngonceki, bareng nandhes ing cangkok, panyakote rada mrengut.

Panunggalane sasuwene ngawasake, nuli anguwuh semu ngerang-erang : “ He, gentho cilik, mangsa bisaa kalakon gawemu, rembugku, uwisana. “
Ananging ciptane kang diuwuh, yen daktemeni murih ilanging klokopan lan cangkoke, iba legine isine.
Pangerang –erange panunggalane mau ora dipaelu, meksa nemen anggone nyakoti. Ora antara suwe pagaweane uwis, netepi pangarep – arepe, sarta andadekake bungahe isine putih lan isih becik , banjur dipangan mesthi legi rasane, awit wus nglakoni kangelane.
Eliding dongeng mangkene : mungguh wong mbudi kawruh iya mangkono uga, wiwitane angel. Nanging yen ditabereni ing pamarsudi, pakolehe agawe kabegjan.


Tegese tembung :
mrengut = ora bening polatane (rada nepsu)
nandhes = nganti jero tumamane, tekan ing dhasar.
ngerang-erang = nacad, maido
panunggalane = tunggale
gentho = bangsat, bajingan.
dipaelu = digatekake, diturut.
uwuh = rereged kayadene godhong
diuwuh-uwuhi = diceluk, diundang kanthi swara seru.
mbudi kawruh = ngudi kawruh, golek ngelmu.
taberi = sregep sarta tlaten.
marsudi = nggegulang supaya bisa, ngudi.

Sumber : http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/kethek-lan-woh-sarangan.html

Dongeng Atau Cerita Sapi Lanang Lan Singo Barong Dalam Bahasa Jawa

Ana sapi lanang papat , antara lawas padha ayem mangan nunggal sapangonan, sarta padha rukun nulak upayaning satrune kang luwih rosa, yaiku singabarong kang ngenggoni alas cedhak pangonan mau.
Luwene banget sarta wus lawas anggone ndingkik memangsane kang padha lemu-lemu, ananging saben-saben ngaton nedya nubruk, kanggek dening sapi papat mau isih padha ngumpul, dadi tansah klinteran, ngarep-arep pisahe, awit ora kelar nyembadani sapi papat.

Ananging pangarahe tanpa wekas , mitra papat kang rukun mau tansah angisab-isab marang pangigit - igiting singabarong.
Sarehning kerep kacuwan, meh nedya murungake karepe, ananging ora antara lawas, pangarahe salin salaga, awit sapi papat kang maune tansah rukun, andadekake ing kaslametane , wasana padha crah, amarga dening sulaya remeh, kang ora antara lawas nukulake ewa lan gething, dadi ora gelem kekumpulan maneh, mblayang dhewe-dhewe adoh parane.
Singabarong tumuli weruh yen prakarane wis salin salaga, rumangsa bungah karo ndilati brengose, sapi papat mau genti-genti dimangsa.
Eliding dongeng mangkene : dongeng iki kena dadi wewulang, nuduhake pakolehe wong rukun, sarta gempaling kaslametan kang marga dening ecrah.

Tegese tembung :
satru = 1. arane panganan sing digawe saka glepung kacang ijo 2. Mungsuh
satru munggeng cangklakan = mungsuh sing cedhak (isih sanak sadulur)
satru ati (satru manah) = memungsuhan batin (butarepan, rebutan wong wadon lsp)
satru batin (satru batos) = satru sing ora ketara.
satru bebuyutan = mungsuh sing turun temurun.
satru manengah = sabarang prakara sing nganggo memungsuhan.
memangsan = apa-apa kang dimangsa.
kanggek = kandheg, ora bisa terus.
kelar = 1. kuwawa, kuwat, bisa nindakake 2. rampung
sembada = 1. sarwa kecukupan 2. cocog, patut, pantes 3. rada sugih, kecukupan.
disembadani = 1. disentosani (dicukupi kaperluane) 2. ditanggulangi, dilawan 3. dituruti, dileksanani.
ngisab – isab = ngisin – isinake, mirang-mirangake.
ngigit – igit = muring banget sarta ngincim – incim.
kacuwan = ora keturutan karepe, ora lega.
salin salaga = malik grembyang
sulaya = geseh, ora cocog
mblayang = lunga menyang ngendi-endi.
pakoleh = 1. oleh-olehane 2. ana gunane 3. mapan banget 4. oleh.
crah = 1. rengka, pecah 2. Pasulayan
wekas = 1. wasana, pungkasan 2. weling, welingan
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/sapi-lanang-lan-singo-barong.html

Dongeng Atau Cerita Wong Deso Lan Manuk Gagak Dalam Bahasa Jawa



Ana manuk cangak siji, saka kurang wiwekane alelungan bebarengan manuk akeh,. kang amung anglakoni panggawe ala. Ora antara suwe padha kena ing jaring pasangane wong desa. Ing nalika padha getun sarta kedhuwung.
Wong desa bungah ndeleng manuk kang dadi ama kena ing jaring, banjur dicekeli saka ing siji-siji. Awit dening nepsune padha dipuntiri gulune, padha muni pating cruwet ora diwelasi. Bareng cangak arep dipuntir gulune, banjur celathu: “Dhuh , kula mugi sampeyan  sanesaken, pantes kaapunten. Kula boten nate tumut-tumut anglampahi pandamelan awon kaliyan peksi ama punika. Malah kula angicalaken amaning sabin, sarta kathah kautaman kula.
Wong desa amangsuli : “ Tanpa gawe panalangsan sambatmu. Sarehne kowe ketemu nunggal manuk iku, dadi tetep kena ing panggrayang ala. Ora kena ora ,kowe dakilokake ing dosane. “
Cangak anuli dipuntir gulune.
Liding dongenge mangkene : Kajene wong urip iku sayektine mawa-mawa pakumpulane.
Tegese tembung :

manuk cangak   = manuk bangsane blekok.
wiweka                = pangati-ati.
getun                    = keduwung marga kelangan lsp.
keduwung          = getun
ama                       = 1. sarupane kang gawe rusaking tanduran.
sanesaken          = dhewekake.
tanpa gawe        = tanpa guna.
panggrayang      = 1. pangrasa nalika nggrayang   2. pandakwa ala.
kajen                     = diurmati.
mawa-mawa      = miturut kahanane.
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/wong-desa-lan-manuk-cangak.html

Dongeng Atau Cerita Wong Wadon Lan Macan Tutul Dalam Bahasa Jawa

Ana wong wadon, duwe anak isih cilik , tansah nangis bae,. sumedya kapurih menenga calathune : “ Heh, bocah mbeler, yen ora meneng- meneng tangismu, aku bakal takon marang macan tutul,. Apa arepa ing kowe. Aku ora betah ngrungokake tangismu.”

Ing nailka calathu mangkono, ana macan tutul golek memangsan, liwat cedhak ing omahe, sarta angrungu calathune mau. Banjur nginjen saka ing lawang , ciptane :” Lha begja kemayangan,. bocah iku dadi ganyanganku. Sajeg ayake aku durung mangan enak kaya mengko. Sanajan biyunge muring-muring, mangsa maria tangise. Dene yen netepi ujar e bocah gemblep kuwe mesthi dadi duwekku. Prayogane aku ngenteni ing kene bae.”
Antara suwe bocah ora karungu swarane, nanging nuli seru nangis maneh kaya kang wis. Biyunge celathu maneh : “ Eman anakku, bok wis menenga , aku njaluk ambung sasengokan. Ora-orane kowe dakwenenhake marang macan tutul. “
Ciptane macan tutul : “O, lha, salin salaga. dak entenana dikongsi suwe, mangsa anaa jebule. Saiki aku oleh wewulang, calathu kang kaya ujare wong wadon iku ora kena kapesthekake. Ing ngarep anake diincim-incim, saiki diambung.”
Liding dongenge mangkene : Saguh lan anuhoni kasaguhan iku banget banget sulayane.

Tegese tembung :

tuwin = sarta, lan
kapurih = dipurih, diarah, dipamrih, diudi.
mbeler = 1. ngglidhig banget (tumrap bocah) 2. mlincur tumrap pegaweyan.
betah = 1. kuwat nganti suwe 2. butuh.
begja = lelakon kang maremake ati.
begja kemayangan = begja banget.
ganyangan = mangan apa-apa sing isih mentah.
ayake = 1. mesthine 2. patute.
gemblep = lemu kandel tumrap rai.
salin salaga = malih grembyang
dikongsi = nganti
ana jebule = ana pungkasane, ana nyatane.
anuhoni = netepi, nggugu. 
 
Sumber :  http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/wong-wadon-lan-anake-isih-cilik-tuwin.html